0
News
    Home Featured Khotbah Jum'at Khutbah Jum'at Spesial

    Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Muhasabah Akhir Tahun Supaya Dadi Pribadi kang Luwih Becik - NU Online

    9 min read

     

    Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Muhasabah Akhir Tahun Supaya Dadi Pribadi kang Luwih Becik

    NU Online  ·  Jumat, 26 Desember 2025 | 10:00 WIB

    Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Muhasabah Akhir Tahun Supaya Dadi Pribadi kang Luwih Becik

    Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang muhasabah akhir tahun (NU Online, Mahbib)

    Ajie Najmuddin

    Kolomnis

    Pergantian waktu, seperti akhir tahun, menjadi momen yang tepat untuk merefleksikan apa yang sudah kita lakukan. Apakah pada tahun 2025 ini, kita lebih banyak melakukan kebaikan atau keburukan. Tentu perhitungan ini bukan untuk membanggakan diri, melainkan justru sebagai bentuk muhasabah atau evaluasi, agar kita menjadi pribadi yang lebih baik.
     

    Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Muhasabah Akhir Tahun Supaya Dadi Pribadi kang Luwih Becik". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!

    Khutbah I


    اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِیْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا دَائِمَيْنِ مُتَلَازِمَيْنِ  بِحَسْبِ تَعَاقُبِ الْاَوْقَاتِ وَالسَّاعَاتِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَتَابِعِيْهِ أَجْمَعِيْنَ.  . أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا اللّٰهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَتَزَوَّدُوْا بِالتَّقْوَى فَإِنَّهُ خَيْرُ الزَّادِ,قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ, أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ : يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌۢ بِمَا تَعْمَلُونَ
     

    Ma’asyiral muslimin rahimakumullahSedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalan kang sahe.Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya.
     

    Baca Juga

    Khutbah Bahasa Jawa: Rezekine Tiang Iman lan Takwa

    Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah Ta’ala.
     

    وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
     

    Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah ayat 197)
     

    Para jamaah ingkang minulyaAlhamdulillah, kita sampun mlebet ing pungkasane warsa 2025, lan sekedap malih badhe mlebet ing warsa 2026. Gantosipun warsa, sasi, dinten, jam lan sakturute punika sampun dados sunnatullah, ingkang saget dipun-pêndhêt hikmahipun. Dhawuhipun Gusti Allah swt:
     

    يُقَلِّبُ اللَّهُ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ إِنَّ فِي ذَلِكَ لَعِبْرَةً لأوْلِي الأبْصَارِ
     

    Baca Juga

    Khutbah Bahasa Jawa: Sikap Tiyang Mukmin nalika Kena Musibah

    Artosipun, "Gusti Allah gawe gilir gumanti bengi lan rina, temenan kang mengkunu iku dadi tanda kekuasaane Allah Ta'ala tumerap wong-wong kang padha duweni pikiran" (QS An-Nur ayat 44)
     

    Miturut Imam Abu Muhammad Al-Baghawi wonten ing kitab Tafsir Ma’alimut Tanzil, jilid 6, kaca 54, gilir gumanti bengi lan rina lan ubêngan tahun menika mboten namung dados lumrahe peristiwa alam, ananging dados bukti dan lan pratandha ingkang pertela Kuasane saking Gusti Allah swt:
     

    دَلَالَةٌ لِأَهْلِ الْعُقُولِ وَالْبَصَائِرِ عَلَى قُدْرَةِ اللَّهِ تَعَالَى وَتَوْحِيدِهِ
     

    Artinya, “(Gilir gumanti iku) dadi pratandha kanggone wong-wong kang duweni akal lan pikiran, ingatase Maha Kuasane Gusti Allah lan Maha Sawiji Ngijenine.”
     

    Pramila, ing kesempatan pungkasane tahun 2025 punika, mangga kita dadosaken wekdal kangge muhasabah. Kanjeng Nabi Muhammad saw, sampun maringi kathah wejangan dhumateng kita sedaya, supaya kita dados tiyang ingkang begja ana ing dunya lan akhirat. Salah setunggale dhawuh Kanjeng Nabi:
     

    مَنْ كَانَ يَوْمُهُ خَيْرًا مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ رَابِحٌ . وَمَنْ كَانَ يَوْمُهُ مِثْلَ أَمْسِهِ فَهُوَ مَغْبُوْنٌ . وَمَنْ كَانَ يَوْمُهُ شَرًّا مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ مَلْعُوْنٌ
     

    Artosipun: "Sapa wonge kang dina iki luwih apik tinimbang dina wingi, mangka kagolong tiyang ingkang begja. Lan sapa wonge kang dina iki padha tinimbang dina wingi, mangka kagolong tiyang ingkang rugi. Lan sapa wonge kang dina iki luwih elek tinimbang dina wingi, mangka kagolong tiyang ingkang cilaka." (HR Al-Hakim)
     

    Saking dhawuhipun Kanjeng Nabi punika, kita saget ngitung-itung lan mbiji awak dhewe. Kinten-kinten ing tahu niki, sampun langkung sahe tinimbang tahun-tahun sak derenge, napa malah luwih elek? Langkung kathah ngamal sahe napa malah kathah nglampahi perkawis kang awon? Takwa kita dhateng Allah, tambah munggah napa malah mudun?
     

    Tinimbang kita ningali utawi mbiji amalane wong liya, mangga langkung becik kita muhasabah utawi niti-niti amalan kita, piyambak-piyambak. Muhasabah utawi niti-niti amalan kita piyambak menika penting sanget, supados kita tansah eling lan waspada nalika urip ing dunya. Ugi supados kita mboten nglampahi malih, dosa utawi kalepatan ingkang sampun keliwat. Menika selaras kalian pangandhikanipun Sayyidina Umar bin Khattab ra:
     

    حَاسِبُوا أَنْفُسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُوْا
     

    Artosipun: "Etung-etunga (amalan) sliramu, sakdurunge sliramu diitung (dihisab amale)"
     

    Ma'asyira muslimin rahimakumullahMenawi kita purun muhasabah, mestinipun bakal kelingan dosa utawi lepat kita. Kanthi kelingan dosa punika, mangga kita ngathahaken ing maos istighfar kalian Allah, mugi-mugi dosa kita dipun-paringi pangapura lan mboten bakal dibaleni malih. Dhawuhipun Gusti Allah wonten ing Surat Al-Hasyr ayat 18:
     

    يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ
     

    Artosipun: “Hai, wong-wong kang padha iman, takwa (wedi) sira kabeh ing Allah, lan supaya ningali sapa awak-awakan, amal-amal apa kang arep diajuake kanggo ngadepi Dina Kiamat mbesok. Lan sira kabeh padha wedi ing Allah. Temenan Allah iku Maha Waspada, mirsani apa-apa kang sira kabeh padha nindaake."
     

    Lajeng, sak sampunipun muhasabah, kita tambah malih kanthi sifat optimis ing dalem ningali warsa 2026 lan sakteruse. Sebab wonten tiyang bijak ingkang ngendhikan: "Masa lalu iku dadi pengalaman, masa kini iku kenyataan, lan masa depan iku dadi harapan".
     

    Mugi-mugi kita sedaya pinaringan umur ingkang berkah, sehingga saben wekdal, saben dinten, saben tahun, kita saget tambah ing dalem kesahenan. Lan dipun tebihake saking sedaya perkara kang marakke Gusti Allah bendu marang kita. Amin ya Rabbal 'alamin.
     

    بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ


    Khutbah II
     

    اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ
     

    فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر
     

    إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.  اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ

    اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ

     

    عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ

     

    Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali

    Komentar
    Additional JS