0
News
    Home Featured Khotbah Jum'at Khutbah Jum'at Sholawat Spesial

    Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Keutamaan Sya'ban dan Hakikat Shalawat dumateng Kanjeng Nabi Muhammad - NU Online

    9 min read

     

    Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Keutamaan Sya'ban dan Hakikat Shalawat dumateng Kanjeng Nabi Muhammad

    Bulan Sya‘ban adalah salah satu bulan yang istimewa dalam Islam. Banyak ulama menyebutnya sebagai “bulan shalawat.” Apa yang melatarbelakangi para ulama menyebut Sya‘ban sebagai bulan shalawat? Apa hakikat shalawat sebenarnya? 
     

    Teks khutbah berikut ini berjudul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Keutamaan Sya'ban dan Hakikat Shalawat dumateng Kanjeng Nabi Muhammad”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!

     

    Khutbah I
     

    إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ، نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ. وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ

    أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللَّهِ، أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ وَطَاعَتِهِ، لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ. قَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ: أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ. بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

     

    Kaum Muslimin rahimakumullah

    Minangka purwakaning atur, kula ngajak dhateng pribadi kula piyambak lan panjenengan sedaya, sumangga kita sami ningkataken taqwa kita dhateng Gusti Allah subhanahu wa ta‘ala, kanthi tansah nglampahi sedaya perintah-perintahipun lan nyingkiri sedaya awisanipun. Amargi taqwa punikalah inkang dados modal utomo kita kanggé nggayuh kabegjan wonten ing donya lan ing akhirat.
     

    Jama‘ah Jumat rahimakumullah

    Wulan Sya‘ban punika salah satunggaling wulan ingkang istimewa. Salah satunggaling keistimewaanipun wulan Sya‘ban, inggih punika tumurunipun ayat ingkang ngemot dhawuh supados umat Islam maos shalawat lan salam dhateng Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ. Ayat punika miturut kateranganipun ulama, tumurunipun wonten ing wulan Sya‘ban.
     

    Katerangan punika kasebat wonten ing kitab Madza fi Sya‘ban, anggitanipun Sayyid Muḥammad bin ‘Alawi al-Maliki, kaca 25. Panjenenganipun ngendika:
     

    “Salah satunggaling keistimewaanipun wulan Sya‘ban, inggih punika tumurunipun ayat shalawat lan salam dhateng Kanjeng Rasulullah ﷺ.”  Inggih  meniko dawuhipun  Gusti Allah Ta‘ala:
     

    إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
     

    Artosipun: “Satemene Gusti Allah lan para malaikatipun sami paring shalawat dhateng Nabi. Heh  tiyang-tiyang ingkang iman, padha maosa shalawato dhateng Panjenenganipun lan aturana salam kanthi sampurna.” (QS al-Aḥzab: 56).
     

    Ayat maniko miturut pangendikanipun Syekh Nawawi Banten wonten Tafsir Munir, juz II koco 260, dados dalil bilih maca shalawat lan salam dateng Kanjeng Nabi Muhammad punika hukumipun wajib miturut Imam Syafi‘i, amargi perintah wonten Al-Quran hukum asalipun nuduhaken wajib. Nanging kewajiban shalawat lan salam punika boten wonten kejawi ing sajroning shalat yo iku ono ing wosan tasyahud. Wujudipun geh meniko: “Salamun ‘alaika ayyuhan-Nabiyyu”, lan : “Allahumma ṣalli ‘ala Muḥammad.”
     

    Jama‘ah Jumat rahimakumullah

    Shalawat dateng Kanjeng Nabi punika menawi saking Gusti Allah tegesipun rahmat lan ridha. Menawi saking para malaikat tegesipun donga lan panyuwunan ngapura (istighfar). Menawi saking umatipun, tegesipun donga saha ngagungaken (ta‘iīm) dhateng Kanjeng Nabi Muḥammad ﷺ.

    Ugi dados kawigatosan kanggé kita sedaya, bilih shalawat kita dhateng Kanjeng Nabi punika minangka wujud rasa panuwun kita dhateng Panjenenganipun, awit Panjenenganipun sampun nindakaken kabecikan ingkang ageng sanget dhateng kita sedaya, umatipun. Nalika kito boten saged males kabecikan lan pengorbananipun Kanjeng Nabi ﷺ dhateng umatipun, mila Gusti Allah maringi tuntunan dhateng kita, supados kabecikan punika kita wangsuli kanthi maos shalawat lan salam.
     

    Wonten kitab al-Mawahib al-Laduniyyah, juz II koco 261, dipun terangaken:
     

    لَيْسَتْ صَلَاتُنَا عَلَى النَّبِيِّ ﷺ شَفَاعَةً لَهُ، فَإِنَّ مِثْلَنَا لَا يَشْفَعُ لِمِثْلِهِ، وَلَكِنَّ اللَّهَ أَمَرَنَا بِمُكَافَأَةِ مَنْ أَحْسَنَ إِلَيْنَا، فَإِنْ عَجَزْنَا عَنْهَا كَافَأْنَاهُ بِالدُّعَاءِ، فَأَرْشَدَنَا اللَّهُ ـ لَمَّا عَلِمَ عَجْزَنَا عَنْ مُكَافَأَةِ نَبِيِّنَا ـ إِلَى الصَّلَاةِ عَلَيْهِ
     

    Artosipun: "Shalawat kita dhateng Kanjeng Nabi ﷺ punika dudu minangka syafa‘at kanggo Panjenenganipun, awit tiyang kados kita boten saged maringi syafa‘at dhateng tiyang ingkang langkung mulya kados Panjenenganipun. Nanging Gusti Allah paring dhawuh dhateng kita supados males kabecikanipun tiyang ingkang sampun damel kabecikan dhateng kita.
     

    Menawi kita boten saged males, kita dipun dhawuhaken males kanthi donga. Mila saking punika, nalika Gusti Allah sampun mangertos bilih kita boten saged males kabecikanipun Kanjeng Nabi ﷺ, Gusti Allah paring pituduh dhateng kita supados maca shalawat dhateng Panjenenganipun."
     

    Jama‘ah Jumat rahimakumullah

    Imam Fakhruddin Ar-Razi wonten Tafsir Kabir, juz XXV koco 182, ngendiko, shalawat kita dhateng Kanjeng Nabi ﷺ punika dudu amarga piyambakipun mbutuhaken shalawat saking kita. Shalawat punika namung kangge ningalaken pangagungan lan pakurmatan kita dhateng Kanjeng Nabi ﷺ.
     

    Kadosdene Gusti Allah Ta‘ala paring dhawuh dhateng kita supados tansah eling lan dzikir dhateng Panjenenganipun, sanadyan Gusti Allah babar blas boten mbutuhaken dzikir saking kita. Kabeh punika namung kangge ngetingalaken pangagungan kita dhateng Panjenenganipun, lan minangka wujud sih lan welas asihipun Gusti Allah dhateng kita, supados kita diparingi ganjaran.
     

    Mila saking punika, Kanjeng Nabi ﷺ ngendika:
     

    مَنْ صَلَّى عَلَيَّ مَرَّةً صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ عَشْرًا
     

    Artosipun: “Sinten kemawon ingkang maca shalawat dhateng kula kaping pisan, Gusti Allah badhe paring shalawat dhateng piyambakipun kaping sedasa.”
     

    Jama‘ah Jum‘at rahimakumullah

    Saking katerangan punika saged kita mangertosi, bilih sejatinipun Kanjeng Nabi ﷺ boten mbutuhake shalawat saking kita. Nanging justru kita piyambak ingkang mbutuhake maos shalawat dhateng Panjenenganipun, minangka wujud rasa panuwun kita, awit kita boten saged males kabecikan lan pengorbananipun Kanjeng Nabi ﷺ dhateng umatipun.
     

    Kajawi punika, shalawat kita dhateng Kanjeng Nabi ugi minangka kangge ngetingalaken rasa ta‘ẓīm  kita dhateng Panjenenganipun. Lan kita diparingi ganjaran kanthi maos shalawat sedaya minangka wujud welas asihipun Gusti Allah dhateng kita. Milo meniko monggo kito tansah ngatah-ngatahaken maos shalawat dateng kanjeng Nabi Muhammad kanti shalawat nopokemawon sak saged-sagedipun.
     

    بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ


     

    Khutbah II
     

    الْحَمْدُ لِلَّهِ، لَهُ الْأَمْرُ كُلُّهُ، وَإِلَيْهِ الْمَصِيرُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ، وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، الْبَشِيرُ النَّذِيرُ، وَالسِّرَاجُ الْمُنِيرُ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

    وَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ، النَّبِيِّ الْأُمِّيِّ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ، وَعَلَى التَّابِعِينَ، وَتَابِعِ التَّابِعِينَ، لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ، وَانْصُرْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ، يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ.اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. وَضَاعِفْ لَهُمُ الْحَسَنَاتِ، وَكَفِّرْ عَنْهُمُ السَّيِّئَاتِ، وَارْزُقْهُمْ مِنَ الْأَرْزَاقِ الطَّيِّبَاتِ. اللَّهُمَّ اكْفِنَا شَرَّ الظَّالِمِينَ، وَاكْفِنَا شَرَّ مَنْ يُؤْذِينَا، بِجُودِكَ وَكَرَمِكَ، وَاسْتَجِبْ دُعَاءَنَا، يَا رَبَّ الْعَالَمِينَ. اللَّهُمَّ اجْعَلْ بَلْدَتَنَا إِنْدُونِيسِيَا هَذِهِ بَلْدَةً طَيِّبَةً، تَجْرِي فِيهَا أَحْكَامُكَ وَسُنَّةُ رَسُولِكَ. يَا حَيُّ، يَا قَيُّومُ، يَا إِلَهَنَا وَإِلَهَ كُلِّ شَيْءٍ، هَذَا حَالُنَا لَا يَخْفَى عَلَيْكَ. اللَّهُمَّ اكْشِفْ عَنَّا الْبَلَاءَ، وَالْوَبَاءَ، وَالْفَحْشَاءَ، وَالْمُنْكَرَ، وَالْبَغْيَ، وَالشَّدَائِدَ، وَالْفِتَنَ، وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً، وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً. إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ. رَبَّنَا آتِنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، وَهَيِّئْ لَنَا مِنْ أَمْرِنَا رَشَدًا. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ، وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَأَدْخِلْنَا الْجَنَّةَ مَعَ الْأَبْرَارِ، يَا عَزِيزُ، يَا غَفَّارُ، يَا رَبَّ الْعَالَمِينَ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ، وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِلَّذِينَ آمَنُوا. رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ.

    عِبَادَ اللَّهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ، وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَاسْأَلُوهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ

     


    Ustadz Muhamad Hanif Rahman, Dosen Ma'had Aly Al-Iman Bulus dan Pengurus LBM NU Purworejo


    Komentar
    Additional JS